Rabu, 21 Desember 2016

```Edisi renungan menjelang Hari Ibu. Uwong kang seneng ngapusi, Nanging jaminane suwarga, Yoiku "SIMBOK" Saben wayah saben ndino direwangi kerjo ketekuk ringkes kanggo anak, awak sayah ora lumrah, Yen ngendiko, jare wis biasa, Yen olah² nyisihke lawuh kanggo anak, Bareng anak mulih Simbok ngendika Gek maem kae ono lawuh wong simbok ora pati seneng iwak, Yen lagi olah² sithik jak maem anak, Simbok ngendiko, Wis gek maem Simbok ora luwe, Yen anak lagi loro, nganti tengah wengi anggone nunggoni, Bareng anak nglilir, Simbok ngendiko, Wis bobok maneh ben ndang sehat, Simbok durung ngantuk, Yen anak wis rampung sekolah iso kerjo arep kirim duwit, Simbok ngendikan, Simpenen wae, kanggo celengan, Simbok isih duwe duwit. Simbok ngapusi lelakon uripe, Simbok, nganggep anak koyo Bocah cilik terus, Simbok, Tansah sumelang, ora mikir anak sumelang opo ora marang kahanane, Simbok, ora mikir sepiro sugihe anak, Simbok, ngapusi mergo roso ikhlas, lan Luhur pengorbanane, Duh Gusti, Mugi pun ngapunten sedoyo kalepatan,pun tampi sedoyo amal kesaenanipun Simbok, Mbok bilih Pun kersaaken mugi pinaringan papan Suwargo panjenengan. Selamat Hari Ibu.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

mouse